Selamat datang di Sanggar Parikesit. Dengan banyak silaturahmi akan memperpanjang umur, memperbanyak rejeki, menambah teman, membuka peluang & kesempatan, memperluas ladang amalan.

Selasa, 23 Maret 2010

Jaman Bubrah

Saiki pancen akeh wong pinter. Nanging ora padha dilandhesi tumindak jujur lan bener, mula dadine akeh wong keblinger. Kapinterane mau mung kanggo minteri wong liya. Duwe panguwasa mung kanggo nindhes wong cilik kang ora nduweni daya apa-apa. Gaweya peraturan ya mung kanggo kamulyane dhewe. Akeh conto kang wis ana, salah sijine yaiku peraturan pajeg. Masarakat kang urip iki mung dikebaki sesanggan kanggo mbayar pajeg. Coba entung wae jinise pajeg kang dibayar dening masarakat, wiwit saka pajeg PBB, pajeg kendharaan, pajeg dodolan, pajeg mangan, pajeg iklan, pajeg restoran lan rumah makan, pajeg blanja, parkir, pajeg wisata, lan isih seabreg jinis pajeg liyane. Jarene pajeg-pajeg mau kanggo makmure rakyat. Nanging sejatine mung entek kanggo mbayar blajane pegawe nganti luwih saka 60 persen. 
Sing lucu maneh neng urusan bal-balan, utawa olahraga, Pemerintahan  tingkat kabupaten podo nggalake olah raga sing biayane seko njaluki pajak wong cilik. nanging nek wis akeh terus dinggo mbayar pemain monco negoro, regane ora tangung-tanggung mung ratusan juta rupiah. Nek sak tim kabupaten duwe pemain asing 2 wae, wis meh sak milyard. Lha nek pirang2 kabupaten sak Indonesia, dadi pirang triliun duit sing diwenehke wong monco negoro?
Terus maneh manfaate opo? opo wong Indonesia dadi luwih pinter main bal-balan? Ukurane neng tingkat Asean wae ora tau menang, opo maneh neng piala dunia? Goblok timen ki wong pemerintahan ki!
Wong Indonesia ki isih podo primitif pikirane, nyatane nek main bal-balan akhire mung dho gelut. Opo maneh sing jenenge Bonek. Wonge goblok-goblok, koyo kewan ra duwe utek!